Sabtu, 21 Januari 2012

Ayo Batur Lan Sedulur blajar Ngeblog

Kayane jarang pisan mbaca blog sing nganggo bahasa daerah, mbuh sunda, jawa, batak atawa sejene. Tulisan kien bae mimiti ngetik nganggo bahasa Dermayu rada angel. Rata-rata paling gampang ngeblog nganggo bahasa Indonesia, ya karena memang supaya bisa dingerteni ning wong sejene.
Tapi, pernah nyoba beli nulis ning blog pribadi nganggo bahasa dermayu ? Coba bae sampeyan cek ning bloge wong dermayu, akehe tulisane bahasa Indonesia kabeh, ana sebagian sing nganggo bahasa dermayu tapi ning menue bae.
Ngeblog memang perlu keluwihan ning hal tulis-menulis atawa karang-mengarang. Umume wong dermayu lan masyarakat sejene ning Indonesia, belajar mengarang ning sekolah diajari nganggo bahasa Indonesia, dadi pas kon ngarang nganggo bahasa dermayu, kayane angel. Malah lamon kon gawe karangan nganggo dermayuan, mendingan kon push-up. :)
Nah, supaya bahasa dermayon ora ilang sing peredaran, kayane kien kudu digiataken ‘ngeblog dermayon‘ alias posting nganggo bahasa dermayon.
Sing pasti, lamon mbaca tulisan kien akeh sing cengar-cengir, karena rsane aneh mbaca tulisan ning blog sing nganggo bahasa reang. (ngetike bae keder, apamaning mbacae). Tapi ya di coba bae, lumayan kanggo ngilangaken kangen karo dermayu lamon kita adoh sing dermayu.
Isin ? wah lamon alesan kien mah ‘terlaluuu…‘, lamon udaan mah ora papa ngrasa isin, masa nulis isin. Jaman sekien kita ora perlu isin ngaku wong dermayu. Kanggo seteruse, bakal luwih diakehaken maning tulisan-tulisan sing nganggo bahasa reang.

Oleh : Muhamad Sukron

Tidak ada komentar:

Posting Komentar