Sabtu, 21 Januari 2012

Ana Ancol Dadakan ning Dermayu

Ning Ancol wis bli aneh sing arane kemidi atawa wahana sejene sing gawe ati deg-gegan. Bli kalah karo Ancol ning Dermayu gah ana “Sarlem” singkatan sing Pasar Malem. Tepate anane ning Blok Gembreng Desa Gabuswetan Kecamatan Gabuswetan Kabupaten Indramayu. Ora kalah karo Ancol ning Gabus gah ana becak angkasa, kemidi puter, perahu-perahuan lan masih akeh sejene.
Dibuka sing awit dina kemis wingi. Anane sarlem bisa ngebangkitaken ekonomi rakyat sekitare. Masyarakat sekitare pada buka parkir motor, dagang panganan, lan sejene. Ora bae masyarakat Gabus tapi karo kecamatan Kandanghaur. Karena lokasie parek karo perbatasan Kandanghaur. Malam minggu sekien sing delenge akeh pisan. Ku sabab bocah sekolahe pada wis beres ujian dadi Sarlem sekien kebek pisan karo wong deleng. Sing durung deleng ayo jagian pada deleng. Waktune ora lawas cuma rong minggu.

Oleh : Muhamad Sukron
Kelas : VA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar